1 Habit: 100 Habits from the World’s Happiest Achievers

1 Habit: 100 Habits from the World’s Happiest Achievers

B. Daerah Tolong bantu rangkum ini tolong banget mohon bantuannya Rangkum ini dengan kalimat nya yg agak panjang Terimakasih ;) Pliss kak aku butuh banget jawabannya

Nalika Rama, Sinta, lan Lesmana anggenipun ngumbara dumugi ing satengahing wana, wonten satunggaling kidang kencana ingkang tansah kekinteran. Dewi sinta pirsa endahing kidang kencana kalawau lajeng nyuwun dhateng garwanipun supados nyepengaken. Sang Rama lajeng mbujung kidang kencana. Kidang kencana mlajeng mlebet ing satengahing wana.Ing tengahing wana ingkang peteng ndhedhet, ical lacaking kidang kencana. Nalika Rama pirsa klebating kidang kencana, enggal siaga menthang langkap, wastra lumepas tumancep ing angganipun ndadosaken pejahing kidang kencana. Sareng kaliyan gumblundhunging kidang kencana malihanipun Kala Marica, kapyarsa swanten dumeling memba-memba kados swantenipun Rama ingkang jelih-jelih sambat dhateng Lesmana.

Sinta lan Lesmana ingkang saweg nengga rawuhipun Rama, dumadakan mireng swanten sambat angrerintih. Ing batosipun Dewi Sinta nginten menawi menika swantenipun Rama ingkang
mbetahaken pitulungan. Dewi. Sinta lajeng paring dhawuh dhateng Lesmana supados enggal madosi lan paring pitulungan. Raden Lesmana paring pemut bilih swanten menika sanes Sang Rama, ananging Dewi Sinta tetep nganggep bilih swanten menika swantenipun ingkang garwa. Rama uninga menawi kenging apusipun kidang kencana. Daya-daya enggal kondur ing papanipun Lesmana lan Sinta. Ing satengahing margi Rama kepanggih kaliyan Lesmana. Kekalihipun lajeng tumuju dhateng papanipun Sinta. Kejot penggalihipun Sang Rama lan Lesmana mangertosi bilih Sinta boten wonten. Kekalihipun lajeng ngupadi Dewi Sinta ingkang dipundhusta dening Rahwana. Ing margi Rama kepanggih kaliyan wanara seta Sang Anoman ingkang badhe suwita lan mbiyantu madosi dewi Sinta ngantos tohing nyawa.​